Mitos Ratu Kidul dadi pancadan paprentahan ing karaton
Kacihna  majune teknologi komunikasi lan informasi nuwuhake budaya anyar lan  nggawe ”rusake” kabudayan Jawa, ananging wong Jawa tetep ngugemi  landhesan urip kang gegayutan kalawan anane titah ora kasat mata.
Landhesan  urip kang isih ngugemi anane titah ora kasat mata iki raket gandheng  cenenge kalawan kepriye sejatine wong Jawa urip ing donya. Lire,  kapercayane wong Jawa ing babagan urip lang panguripan ora bisa uwal  saka perangan jagad cilik (mikrokosmos) lan jagad gedhe (makrokosmos),  keplase uga gegayutan kalawan alam kasat mata lan alam datan kasat mata.  Salah sijine kapercayan kang dikarepake yaiku wong Jawa, mligine kang  urip ing tlatah Yogyakarta lan Solo, nganggep lan yakin yen samodra  kidul iku awujud karaton kang dikuwasani dening Kangjeng Ratu Kidul.  Tumrap wong Jawa kaprah, lire ora duwe pangerten jero babagan filosofi  kebatinan Jawa lan uga adoh saka karaton, Kangjeng Ratu Kidul dianggep  sawijining titah badan alus kang wujude kayadene manungsa lan nglenggahi  dampar keprabon, nyekel pengauwasa ing segara kidul. Lan isih ana  panganggep liya kang wusanane mbabar dadi mitos Kangjeng Ratu Kidul.
Ing  buku Mitologi Kanjeng Ratu Kidul, anggitane Y Argo Twikromo, weton  Nidia Pustaka, 2006, dijlentrehake filosofi-filosofi kang gegayutan  kalawan mitos Kangjeng Ratu Kidul. Miturut andharan ing buku iki,  mitologi Kangjeng Ratu Kidul pranyata digunakake kanggo pancadan tumrap  panguwasa Karaton Kasultanan Ngayogyakarta (lan uga Karaton  Surakarta-red) nalika nglakokake paprentahan. Wong Jawa nganggep manawa  donya iku isine ana kang asipat wadag, pisik, bisa didulu mata lan donya  kang asipat datan kasat mata, alus, ora bisa didulu mata wantah.  Ananging ing donyane wong Jawa, kalorone kang asipat kasat mata lan  datan kasat mata iku nyawiji dadi siji. Ing nyawijine ngalam kalorone  iku kabeh sesambungan kang asipat antarane siji lan sijine padha-padha  mbutuhake lan dibutuhake. Wusanane kabeh nggawe alam dadi tumata.  Sesambungane manungsa ing alam kodrati (alam nyata, alam kasat mata) ora  dibedakake kalawan titah ing alam adikodrati (alam supranatural, alam  datan kasat mata).
Yen  dipindeng kanthi srana kaca mata antropologis, mitos Kangjeng Ratu  Kidul bisa dianggep minangka cultural universal kang disengkuyung dening  sawetara laku budaya utawa cultural activities, kayata labuhan, crita  rakyat utawa crita Panembahan Senopati, kegiyatan sosial lan kegiatan  lelandhesan keyakinan agama lan maneka laku utawa ritual tradhisi  liyane. Babagan iku nuduhake lan aweh tuntunan yen yektine kepriye wong  Jawa mindeng mitologi Kangjeng Ratu Kidul ora bisa dipisahake saka laku  ritual kang ndhasari utawa dadi panjurunge. Laku-laku kang lelandhesan  keyakinan ajaran agama kang gegayutan kalawan Kangjeng Ratu Kidul,  mujudake gegambaran alam pikiran lan kapercayane wong Jawa. Adhedhasar  apa kang diugemi wong Jawa, mitologi Kangjeng Ratu Kidul kang urip ing  ngalam pikiran lan kapercayan Jawa, digunakake kanggo sesambungan  kalawan alam supranatural. Pangajabe supaya donya iki tetep harmonis,  imbang lan tansah kalinton kaslametan lan karahayon. Ing bebrayan Jawa,  Kangjeng Ratu Kidul iku ora mung asipat legenda. Tumrap kapercayane  saperangan gedhe warga bebrayan Jawa, Kangjeng Ratu Kidul iku ana tenan.  Ananging karana anane alam supranatural tumrap wong Jawa ora bisa  dijlentrehake, kaprah sinebut suwung awang-awung, ndadekake anane  laku-laku kang lelandhesan keyakinan agama kang ancase ngurmati  panguwasa alam supranatural, kayadene Kangjeng Ratu Kidul. Ana candhake.
Keyakinan supranatural sarana ngupadi salarase donya saisine
Mitologi  Kangjeng Ratu Kidul nuwuhake kapercayan tumrap wong Jawa yen ing segara  utawa samodra kidul ana panguwasa kang asipat supranatural, datan kasat  mata.
Kapercayan  iku bisa didulu saka laku-laku kang asipat lelandhesan keyakinan agama  kang dilakoni dening Karaton Ngayogyakarta (apadene Karaton Surakarta)  kang ditujokake marang Kangjeng Ratu Kidul. Kanthi laku ritual kang  asipat lelandhesan keyakinan agama kang biyasane mapan ing Parangkusuma  iku, sacara mistis Karaton bisa mujudake imbang lan tentreme donya.  Yektine, tumrap Karaton Ngayogyakarta (lan Karaton Surakarta) ora bakal  bisa netepi kuwajibane yen durung bisa mujudake rasa tentrem ing batin  tumrap kabeh rakyat. Rasa tentrem ing batin iku bisa kawujud kanthi laku  nyedhak marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Kanthi mangkono, maneka rupa  laku utawa ritual kang asipat lelandhesan keyakinan agama iku wusanane  minangka srana kanggo nggayuh katentreman lan keslametan praja  sakrakyate. Ing telenging pikir wong Jawa, raja utawa ratu duwe  jejibahan ngayomi rakyate. Karana iku, raja ing Karaton Ngayogyakarta  lan Surakarta tansah ngugemi laku kang asipat nyedhak kalawan daya  kekuwatan supranatural. Ing bebrayan Jawa, raja iku nyangga godhan yang  tanpa wates, mligine kang gegayutan kalawan panguwasane. Sanggan godhan  kang asipat tanpa wates iku uga ngandhut tanggung jawab tunggal kang  amba kanggo njaga murih donya tetep tumata.
Karana  iku, raja kudu pinunjul. Lan tumrap wong Jawa, raja iku dianggep dadi  siji-sijine paraga kang bisa mbangun lan njaga sesambungan antarane alam  kodrati (kasat mata) lan alam adikodrati (datan kasat mata). Iki kang  dadi pawadan ing budaya Jawa raja utawa ratu iku dianggep duwe panguwasa  kang tanpa wates lan panguwasane iku ora bisa diatur kanthi cara-cara  kang kaprah ing ngalam donya iki. Rakyat dhewe uga duwe pangarep-arep  raja utawa ratu bisa ngrampungi sakabehing rubeda kang tuwuh saka alam  kanthi srana kekuwatan gaib kang diduweni. Upaya ngugemi mitologi  Kangjeng Ratu Kidul iki pranyata ora mung dilakoni dening raja utawa  sentana dalem ing Karaton. Para warga bebrayan ing tlatah Yogyakarta  (lan Solo) uga duwe cara dhewe kanggo ngugemi keyakinan babagan Kangjeng  Ratu Kidul iki. Mitologi Kangjeng Ratu Kidul dadi sarana kanggo  tumindak lan nyawiji marang alam. Iku amarga saperangan gedhe warga  bebrayan duwe keyakinan religius kang padha, magepokan kalawan mitologi  Kangjeng Ratu Kidul. Laku lelandhesan keyakinan agama gegayutan kalawan  mitologi Kangjeng Ratu Kidul kang dilakoni warga bebrayan racake ora  padha kalawan kang dilakoni pehak Karaton. Ananging kalorone bisa lumaku  bareng lan nyawiji kanggo mujudake katentreman ing donya.
Lan  ing kabudayane wong Jawa (ing dhudhahan buku iki ateges tlatah  Yogyakarta lan Solo-red) Karaton menjila dadi punjere kosmis kang asipat  keramat. Sacara mistis dununge Karaton duwe gandheng ceneng rapet  kalawan karaton-karaton asipat supranatural kang ana ing sakupenge.  Karaton-karaton asipat supranatural iku kayadene Karaton Segara Kidul,  Karaton Merapi, Kayangan nDlepih lan Karaton Lawu. Karaton-karaton iku  mujudake lima karaton kang asipat keramat lan tansah sesambungan  antarane siji lan sijine. Kalimane bisa nyawiji lan mbangun tatanan  donya kang tumata. Sesambungan antarane karaton-karaton iku asipat  kayadene kulawarga lan sakabat. Wangunan kapercayan bebrayan Jawa kang  bisa uga ditegesi agama Jawa, sejatine luwih ngeboti babagan katentreman  batin, jumbuhe ngalam kodrati lan adikodrati lan imbang antarane kabeh  isining ngalam. Pawadan iki, laku-laku ritual lelandhesan keyakinan  agama kang dilakoni gegayutan kalawan mitologi Kangjeng Ratu Kidul  digunakake kanggo ngupadi rasa tentrem, jumbuh lan salarase kabeh  isining ngalam lan imbange donya saisine.
read more>>>
    
        read more>>>

